Halaman

Rabu, 11 Januari 2012

menu desa.
nasi
urap urap genjer
lodeh terong
lauk thu,tempe,ikan asin.
sambel dan krupuk.

Senin, 09 Januari 2012

~~~ WANITA ITU INDAH ~~~ Oleh Angga Tawara · 4 Januari 2012

~~~ WANITA ITU INDAH ~~~ Oleh Angga Tawara · 4 Januari 2012 Wanita itu indah... Saat dia memberikan sentuhan untuk ketenangan... Saat dia memberikan belaian untuk kesabaran... Saat dia memberikan pelukan untuk kenyamanan.. Wanita itu indah... Saat dia terharu akan rasa cinta... Saat dia tersenyum akan rasa bahagia... Saat dia tertawa akan rasa pesona... Wanita itu indah... Saat dia bertutur lembut... Saat dia berti...

Banyumas

Banjoemas Komoenitas
Sejarah Banyumas ora teyeng dipisahna karo Raden Djoko Kahiman utawa Raden Djoko Semangoen, deweke
kuwe putrane Raden Harjo Banjaksosro, adipati Pasir Luhur sing kawit cilik diangkat anak neng Kjai lan Njai
Mranggi Semoe neng Kejawar. Kjai Mranggi jeneng asline Kjai Sambarta lan Njai Mranggi kuwe Njai Ngaisah.

Sewise Raden Djoko Kahiman dewasa, deweke banjur ngabdi maring Kjai Adipati Wirasaba sing jenenge Adipati
Wargo Oetomo 1. Akhire Raden Djoko Kahiman kuwe diangkat dadi mantu neng Raden Adipati Wargo Oetomo 1.
Deweke dikawinaken karo anak wadone Raden Adipati Wargo Oetomo 1 sing mbarep sing arane Rara Kartimah

Adipati wirasaba olih titah Sultan supayane ngewehna salah siji anak wadone kanggo didadekna
garwa ampean. Neng kanjeng Adipati diwehna anak wadon bontote sing arane Rara Soekartijah, sing dong esih
cilik tau dijodohna karo putrane sedulure yakuwe Ki Ageng Tojareka, tapi sewise dewasa Rara Soekartijah ora
gelem mbojo karo anake Ki Ageng Tojareka banjur pegatan sedurunge kumpul karo putrane Ki Ageng Tojareka
Ki Ageng Tojareka lara ati banjur gawe fitnah sing nggawe Sultan Pajang murka lan ngongkon Gandek supayane
mateni Adipati Wirasaba pas lagi bali sekang kesultanan Pajang. Sewise diteliti lan ngerti sing sebenere, Sultan
Pajang nyesel, banjur kongkonan Gandek kon nyusul Gandek sing sedurunge supayane mbatalna rencana
mateni Adipati Wargo Oetomo 1, tapi jebul wis telat, Adipati Wargo Oetomo 1 wis kadung Sedo neng Gandek.

Kedadiane pas kuwe ana neng desa Bener, mula kuwe Adipati Wargo Oetomo 1 uga diarani Adipati Sedo Bener.
Nah angger makame deweke ana neng Pasarehan Pakiringan, sebelah wetan kota Banyumas, siki mlebune
wilayah Purworejo Klampok. Sultan Pajang nyesel banjur nitahna ngundang putra Adipati Wirasaba kon ngadep
maring Kesultanan Pajang, tapi kabeh putrane Wargo Oetomo 1 ora ana sing wani ngadep. Akhire Raden Djoko
Kahiman sing duwe jiwa heroik lan patriotis mangkat ngadep Sultan Pajang. anggepane Raden Djoko Kahiman
uga arep dipateni. Ora ngira sedurunge, jebul Raden Djoko Kahiman malah diangkat dadi Adipati Wirasaba VII
sing diwehi gelar Adipati Wargo oetomo II kanggo nggenteni Adipati Wargo Oetomo I sing wis sedo merga salah
paham. Sultan Pajang banjur ngewehna kabeh kebijakan Kadipaten Wirasaba maring Adipati Wargo Oetomo II.

Dina diangkate Raden Djoko Kahiman dadi Adipati Wirasaba VII sing diwehi gelar Adipati Wargo Oetomo II
yakuwe dina Jum,at Kliwon, tamggal 12 Rabiul Awal 990 Hijriah utawane ngepasi tanggal 6 April 1582 Masehi.

Merga duwe sifat jiwa besar, Adipati Wargo Oetomo ora mentingna awake dewek. Merga deweke kuwe mantu,
banjur njaluk restu supayane diolihna kanggo mbagi daerah kekuasaan Kadipaten Wirasaba dadi 4 daerah.

1. Daerah Banjar Pertambakan diwehna maring putrane Adipati Wargo Oetomo I, Kjai Ngabehi Wirojoedo.
2. Daerah Merden diwehna maring putrane Adipati Wargo Oetomo I, Kjai Ngabehi Wiro Koesoemo.
3. Daerah Wirasaba diwehna maring putrane Adipati Wargo Oetomo I, Kjai Ngabehi Wargowidjojo.
4. Nah angger Adipati Wargo Oetomo II bali maring Kejawar, mulai mbangun pusat pemerentahan anyar.

Senin, 26 Desember 2011

Memulai sesuatu. Entah dari awal yg mana.

Kamis, 29 April 2010

Flickr

This is a test post from flickr, a fancy photo sharing thing.